drop down

01 April 2013

Geguritan


Lintang

bengi mengko, yen ora udan
dak kancani, nitiki lintang-lintang
kekancan mbulan sesigar
ngengundhar rasa lan pangipen
nglarung pangajab bebarengan





Ron Garing

ron-ron garing
kledhang-kledang keterak angin
geneya atimu mamring
pangajab-pangajab katanting
ketaman gamaning mangsa katiga
ananging ora dadi apa
jalaran udan isih arep teka



Parak Esuk

esuk durung tumibo
lan srengenge iseh suwe teko
dedalanan mamring
mung wit witan kelaruk angin
kangenku kecandhet jantraneng wektu
mamulo iku dak aturna
ati kang kabuntel dening pengajab lan rasa
mugo tinanpa ana ing ngarsa ing paduka



Sugeng Enjang

marang pedhut
kledang kledang klawung
mapag lintang panjer rina
marang embun umun umun
mungkasi getuning gegodongan
dak aturke mangewu panyuwun
ananira, ananingsun
tetelen tejaning rasa
nggegayuh sumirating baskara
nitiki dina dina


Petenging Wengi

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang gawang katon pasuryamu

gawe tambah kekesing langit sore
tumlawung rasa kang ngulamdara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang gawang campur mega mega
apa kudu tak buang bareng karo lumingsire wengi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar